Urip Minongko Koyo Wong Tani
Table of Contents
Ikhtiyare rupo laku kang dingelmuni.
Tawakkale rupo ngelmu kang dilakoni.
Lakune koyo olehe nandur songko wenihe,
ngrabuk ben tambah subur lemahe,
nyiram ben dadi seger tandurane,
panen ben iso dinikmati hasile,
masarake ben soyo tambah manfaate.
Ngelmune koyo olehe ndeleng mongso kang gonta-ganti gak kena diatur dewe,
Udan sitik diremeni, kakean udan disengiti.
Panas sitik manfaati, panas terus madhoroti.
Hama moro dikon bali, penyakit teka ora digandrungi.
Yen awal nandur wis ono i'tiqade,
Mangka yen gagal panen wis ono hikmahe.
Kabeh minongko koyo wong tani.
Kewajibane dewe namung ikhtiyar, rupo laku kang dingelmuni. Hasile piye ya kudu tawakkal, rupo ngelmu kang dilakoni.
Wa Allah a'lam