Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Laku mung Dzohir, Sepen ing Batin

Duh cah,

Ngibadah mung mlaku ono ning dzohire,
Keyakinan mung diroso ono ning batine,
Dene sing haq isih samar ning awang-awange.

Kepethuk wong mung kethok manis ono ning esemane,
Pas sepen malah mati roso pekane,
Weruh amanah sing ono pingin nyingkrih sak adoh-adohe.

Duh Gusti sing mboten sare,
Sing paling ngertos isine alam sekabehane,
Senajan awak dewe isih mbuh kahanane,
Nyuwun teteping manah wonten margi ingkang sak mestine,
Sabar-Syukur kaleh nopo mawon ingkang sampun dados bagiane,

Aamiiin YRA

#cah_angon
Achmad Syarif S
Achmad Syarif S Bermedia dalam Jeda

Post a Comment for "Laku mung Dzohir, Sepen ing Batin"